السلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ
الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ
Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken
tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW, perlu dipun mengertosi bilih
buku alit puniko mengku datang pinten pinten contoh pidato engkang kulo susun
mawi Basa Jawi supados gampilaken dateng sederek-sederek engkang kerso maos.
Soho konco konco engkang sami nyuwun dipun susunaken Buku Puniko, khususipun
konco konco ingkang manggen wonten Tanah Jawi.
Sesuai kalian pengetahuan kulo engkang taksih terbatas.
Pramilo tumerap sederek sederek engkang kerso maos Buku puniko terutami poro
Alim Ulama’ menawi memanggihi kesalahan soho kekirangan wonten Buku puniko,
kulo suwun supados kerso paring nasehati utawi saran saran dateng penyusun
kangge kesempurnaan susunan selajengipun lan sa’derengipun ngaturaken
maturnuwun.
Engkang terakhir, mugi-mugi buku alit puniko saget mbarokahi
lan manfaati kangge penyusun soho sederek engkang kerso mahos
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر ك